SIYAM

Déning: Ki Pandan Alas

Pasa Ramadan nembé arep ngancik telung dina. Para muslimin, kanthi temen nindakaké Siyam, utawa Pasa Ramadan. Sasi Ramadan kebak samubarang suci, madhangi, lan uga nyediani ganjaran sing ora bisa diukur gedhéné, amarga berkah Gusti Allah. Amarga saka kuwi, ing sasi Pasa iki, para muslimin mesthi nyiapaké dhiri, terus reresik awak, batin lan spiritual.

Kena apa kok ndadak kudu ngresiki awak? Amarga Ramadan nggawa samubarang kang suci. Yen wadhahé reged, barang suci sing diwadhahi iku uga mélu dadi reged. Wadhah kudu resik ndhisik. Karebén bisa nampa barang kang suci, kanthi resik.  Ora banjur malah muspra.

Liré pasa iku sejatiné ”ngempet-dhiri.” Nyingkiri hawa nepsu lan samubarang bab liyané, sing marahi *menungsa dadi adoh saka Gusti. Hawa nepsu ndadékaké manungsa duwé greget urip, nanging yén salah migunakaké, bisa nggawa lan marahi bilai. Yén ora bisa ngontrol, ngendaléni lan mung nuruti hawa nepsu, manungsa padha waé kaya kéwan. Mbanjur tumindak kaya déné kéwan.

Kosok baliné, yén bisa ngendaléni hawa nepsu, manungsa bakal munggah pangkat nyedhaki tatarané malaikat. Sawijining titah sing banget tuhu lan miturut marang Gusti Allah. Gusti Allah maringi kalodhangan ing sasi Ramadan, amrih manungsa bisa luwih nyedhaki marang Panjenengané. Lumantar ibadah sing luwih apik lan luwih becik, tinimbang sasi-sasi liya sing biasa.

Pasa kuwi ora mung megeng, ora mangan lan ora ngombé, tahan ngelih lan ngelak. Nanging pasa iku kudu bisa ngempet, ing bab pangertèn sing luwih jembar. Nyegah saka tumindak ala, ing bab pangandikan, tumindak, uga sing mung dumadi ana ing pikiran lan ati. Ora mung manungsa, kéwan uga mélu pasa. Lan sak uwisé ngliwati pasa, mbanjur bisa ganti wujud, banjur dadi titah anyar sing luwih apik.

Uler kaé katon njijiki lan Medina. Uler kuwi mbanjur pasa. Ora mangan lan ngombé. Terus dadi “enthung” (kepompong). Sak uwisé ngliwati prosés pasa, uler sing ala wujudé kuwi, malih dadi kupu sing ayu, apik lan ndemenaké. Kabéh sing ndeleng, padha seneng.

Semono uga manungsa. Pasa kudu bisa ngowahi lan nggawé manungsa luwih apik, sak uwisé, nglakoni pasa.

Prosés iku uga dicontoni déning Muhammad al Amin. Panjenenganipun nyingkrih, semédi, uzlah lan khalwat ing Guwa Hira’ lan ngadohi donya. Sak uwisé 40 dina, malaékat Jibril rawuh lan ngendika: “Iqra!” … “Wacanen!” Wiwit saka iku, Muhammad al Amin didhapuk dadi Rasulullah, Utusaning Allah.

Mumpung lagi pasa, ayo padha introspéksi. Sak wisé pirang-pirang puluh pasa, apa wis tau ngrasakaké bédané, sak durungé lan sak wisé pasa? Yén sak wisé pasa, isih rumangsa padha waé, ora krasa ana owah-owahan apa-apa, iku tegesé ana sing salah.

Ramadan iki wektu kang trep, kanggo ngresiki ati lan ngisi iman. Kaya déné HP, pasa iku kaya kabel kanggo prosés “ngisi bateréi”. Yén HP wis suwé dienggo, kudu di “cas” utawa diisi daya manéh. Yén sak wisé di “cas”, nanging bateréi ora ngisi, iku tegesé kudu dipriksa dhisik. Mbok manawa kabel — senajan katon apik saka njaba –, nanging kabel sing ana ing njero rusak.

Dadi ora nyambung menyang sumberé listrik! Kaya ngono kuwi.

Sanajan ing njaba bisa katon apik, nanging yén ing njero batin rusak, mesti waé ora bisa nyambung marang Gusti Sing Nitahaké. Utawa bisa uga amarga bateréi-né rusak. Kudu diganti lan didandani.

Sasi Ramadan minangka wektu sing trep, kanggo ndandani kabéh tumindak sing klèru utawa salah. Ayo padha dipriksa baterei lan kabel pangisi daya. Aja mung gumun lan kesengsem marang “bungkusé” waé, utawa wangun sing ana ing njaba. Sanadyan wanguné becik lan apik, yén ora bisa dienggo kanthi bener, ya ora ana gunané.

Pungkasaning atur, rahajeng Siyam Ramadan. Mugi Gusti Allah paring gampil sadaya ingkang pinanggih. Ugi paring berkah lan ridha, dhumateng kita sadaya.

Aamiin Dhuh Gustining Jagad …

Kemayoran: Setu Kliwon, 25 Maret 2023

Ki Pandan Alas