Mesjid

Mesjid Syeikh Zayed Solo wis resmi dienggo kanggo keperluan umum, nalika tanggal 28 Pébruari 2023. Lan salat Jum’at kapisan wis dianakaké ana ing dina Jum’at Pon, 3 Maret 2023. Mesjid Syeikh Zayed Solo nduwé bangunan ambané 8.000 M2, sing bisa nampung nganti 10 éwu jamaah. Pambangunan masjid iki kanthi ragad dening pamaréntah Uni Emirat Arab. Sajroné paring pangandikan nalika salat Jumat tanggal 3 Maret, Syeikh Ahmad Al Qamari saka Uni Emirat Arab, ngendika menawa pembangunan masjid iki minangka wujud kerjasama budaya, antarané Uni Emirat Arab lan Republik Indonesia.

Bangunan mesjid iki minangka replika masjid asliné, yaiku Mesjid Agung Sheikh Zayed ana ing Abu Dhabi. Mesjid Zayed Solo nduwé menara papat, siji kubah utama lan 82 kubah kanthi nganggo gaya Maroko.

Mesjid iku sak jané ora mung minangka papan ibadah thok, nanging uga minangka papan wisata lan uga “landmark” utawa tandha sawijining kutha. Pirang taun kepungkur, kutha Surakarta utawa Solo, wis akrab karo slogan Solo Semangat Jawa, “Solo the spirit of Java.Nanging saiki, pamarentah kutha Solo wiwit ngowahi slogan kutha kanthi semangat anyar, yaiku Wisata Kesejahteraan Kota Jawa, “The City of Wellness Tourism”.

Lan Mesjid Syeikh Sayyid Solo saiki dadi salah sawijining papan wisata ing Solo, sing narik kawigatèn para turis. Para wisatawan saka saindenging tlatah ana ini Indonésia wis méh mesthi nyelakaké mampir menyang mesjid iki.

Tanpa arep mbandhingaké karo kutha Surakarta, wis tekan titi mangsané Ngayogyakarta uga kudu mikir babagan nduwé Mesjid Agung. Uga tanpa méri karo kutha Solo, wis wayahé pamaréntah DIY Yogyakarta nduwé rencana mbangun Mesjid Agung kanggo Daerah Istiméwa Ngayogyakarta, lan mliginé kanggo kutha Yogyakarta.

Sejatiné lan saktemené Yogyakarta durung duwé Mesjid Agung. Nalika mbiyén Mesjid Gedhé Kauman, wis tau didadékaké Mesjid Agung, nanging saiki bali manéh dadi mesjid Kraton Ngayogyakarta.

Mesjid Gedhé Kauman Alun-alun Lor Yogyakarta

Mesjid Agung Yogyakarta iki mengko dibangun nganggo ciri budaya Jawa. Dadi bakal mesjid iki nduwé wujud lan kharisma khas Jawa. Amarga blangkon wis dadi ciri khas Jawa, mbokmenawa bangunan mesjid bisa nduwéni payon, sing wujudé blangkon, minangka ciri khas budaya Jawa.

Sing penting wujudé dirancang sing bisa nudhuhaké ciri khas, utawa dadi perlambang budaya Jawa. Para arsiték lan seniman mesthi luwih ngerti lan trampil anggoné ngandarakaké lan mujudaké kabudayan Jawa iki, dadi wujud mesjid sing artistik lan spesifik.

Mula saka kuwi, Yogyakarta minangka salah sijining punjer kebudayaan, Jawa, wis wektuné nduwéni Mesjid Agung. Mesjid iki bakal dadi kaya “Islamic Centre”. Kajaba dadi mesjid kanggo ibadah, uga bakal dadi tujuan wisata religi. Tagline kutha Yogyakarta, “Jogja Istimewa” iku, bakal tambah istiméwa manéh.

Menawa bisa diwujudaké, mesjid iki bakal migunani banget kanggo Kutha Yogyakarta. Saliyané bakal kanggo ibadah, uga bisa dadi tujuan wisata religi. Mesjid Agung kanthi gaya utawa arsitektur Jawa, lan nduwé perpustakaan kang nyediani, buku-buku, sastra lan dokumen mliginé ing bab “Perkembangan Islam ing Tanah Jawa,” lan sapanunggalané. Mesjid bakal dadi tujuwan wisata religi, sumber inspirasi, literasi, studi Islam Jawa, lan liya-liyané.

Pungkasaning atur, saiki iki kaya mung kembangé turu, isih mung ngimpi. Nanging iki mesthi wis dadi rencana pamaréntah DIY. Kanthi rencana kang mateng, dipikir kanthi bener lan kanthi serius, kepinginan utawa impén iki bakal kelakon. Ing sawetara wektu ing tembé mburi. Kanthi ndedonga, mugi-mugi Gusti Ingkang Paring Agesang midanget lan paring ridha ing bab punika.

Kemayoran : 6 Maret 2023

Ki Pandan Alas