
Pak Ndhul rata-rata kita wis padha ngerti. Pak Ndhul iku salah sawijining YouTuber saka Madiun. Ing donya sosmed solah-tingkahé anéh, yén omong sanajan serius nanging nggawé guyu. Nalika ngomong nganggo basa kang dhuwur -rada melip- nanging nganggo basa lan cara sing lugu lan lucu! Dhéwéké duwe icon WAGU = Waton Guyon. Mung guyon, ora serius. Yén ana bab serius, mbanjur malah digawé lucu. Nalika wawancara karo Deddy Corbuzier nganggo basa Inggris, Deddy Corbuzier kagét, lan ora nyana yén Pak Ndhul bisa basa Inggris kanthi apik, ora mung asal ngomong waé.
Sing jelas apa sing diomongaké Pak Ndhul ngenani sawijiné perkara iku, akurat lan disengkuyung kanthi analisis sing tliti, lan nganggo data sing bener. Mung waé dening dhéwéké, sengaja digawé guyonan. Merga saka kuwi bab apa waé sing diomongaké, banjur ditampa minangka lelucon utawa guyonan. Pranyata apa sing diomongaké Pak Ndhul, kuwi ya bisa mengaruhi anggepan kita kabéh.
Satemené kanthi ora langsung Pak Ndhul kuwi, kaya makili awaké dhéwé. Rumangsa bisa, rumangsa ngerti. Kita duwé data lan informasi, banjur nggawé ulasan lan anggepan miturut cara kita dhéwé. Mula kita rumangsa diwakili déning Pak Ndhul. Apa sing diomongaké iku wujudé dadi kaya sindiran, utawa anggepan kang miring marang kahanan sing lagi kedadén ana ing masyarakat.

Kanggo ngeyakinaké para pamireng lan pamirsa You Tube, Pak Ndhul kanthi rada umuk, ngomong yén dhéwéké iku sing paling pinter, ahli sing paling ahli, inti sing paling inti. Kabéh bab utawa kahanan apa waé, dhéwéké rumangsa ngerti lan bisa crita kanthi katrangan kang akurat lan mantep.
Mula saka iku Pak Ndhul kaya-kaya makili kita kabéh. Kita uga sering tumindak kaya Pak Ndhul kuwi. Sanadyan mung oléh informasi saka Grup WA, saka Instagram, utawa saka postingan Grup WA liyané, mbanjur rumangsa bisa, rumangsa ngerti, rumangsa bisa ngandhani wong liya. Banjur mélu nggawé idé, usulan lan pemikiran. Mélu mbeneraké utawa nyalahaké bab masalah sing kedadéyan ing masyarakat, pamaréntah, utawa politik.
Sanajan mung disebar ing WA, bab iku kerep mbanjur dadi padudon. Ana sing setuju lan ana sing ora setuju. Lan siji-sijiné mbanjur nyoba ngandharakaké lan ngandhani yén analisis awaké dhéwé iku sing bener. Dadi kaya Pak Ndhul kuwi, kita rumangsa kaya wong sing ahli lan ngerti, ngenani bab lan masalah sing lagi dadi bahan rembugan.
Lha rak tenan ta … jebul awaké dhéwé iki ya kaya pak Ndhul sing lucu. Samubarang bab banjur dadi bahan diskusi, padha adu pamikirané dhéwé. Yen ora padha, banjur padha éyél-éyélan. Siji-sijiné padha rumangsa bener lan duwé argumentasi sing akurat, sanajan dhasaré mung oleh saka WA Grup waé.
Sawisé iku, perkara sing dianggep canggih lan serius, pungkasané mung dienggo lelucon lan guyon! Mung kuwi. Ya mung ngono kuwi. Ora ana pengaruhe!
SWGTL=So What Gitu Loh? … Hidup Pak Ndhul …!

Mula saka iku, sakwisé iki, ayo luwih waspada kanggo nyaring data lan kabar sing mlebu HP. Kita kudu ngurutaké lan milih informasi sing bener. Yén perlu, konfirmasi asli lan bener apa ora, informasi kuwi. Amarga kabéh kabar sing ditrima kuwi, durung mesthi bener. Uga ora mesthi migunani kanggo wong liya.
Ana sing sengaja nggawé warta kanthi pamikiran tartamtu, kanggo nyebarake pamikiran lan pengaruhe kanggo wong liya. Wong-wong kuwi sengaja nggawe framing, –mung milih sisih sing cocok karo apa sing dadi karepé,– karebén isiné pawarta jumbuh karo maksud lan tujuwané.
Pungkasaning atur, aja mélu-mélu nyebaraké warta kang kaya ngono, iku tegesé padha waé awaké dhéwé mélu nyebaraké warta hoax. Luwih-luwih yén warta kasebut iku, dirasakaké durung mesthi bener. Mesthi bakal nyebar ing endi-endi, dadi ngrembaka. Marahi nggawé kahanan dadi tambah ruwet lan dadi luwih ala.
Mekaten, matur nuwun …
Kemayoran, April 2022
Ki Pandan Alas