MUDHIK

Dening : Ki Pandan Alas

Wis rong taun ora ana acara mudhik. Tahun iki bakal akeh banget sing padha mudhik. Mudhik iku tegese bali menyang ndesa lan asale dhewe. Taun iki gunggunge uwong sing arep padha mudhik, bakal mbludag akeh banget. Kamentrian Perhubungan ngira-ira yen para pemudhik bakal luwih saka 80 yuta uwong. Puncak Mudhik Riyaya dikira-kira bakal ana ing tanggal 29-30 April, lan tanggal 8 Mei. Ing tanggal 29 April bakal ana kira-kira 2,5 yuta kendharaan, kang metu saka Jakarta! Tujuan mudhik sing paling akeh, yaiku Jawa Tengah 23,5 yuta. Jawa Timur 16,8 yuta, lan Jawa Kulon 14,7 yuta.

Amrih mudhik bisa lumantar kanthi lancar, kabeh wis disiapake dening pamarentah. Iki kalebu nyiapake dalan-dalan, lan dalan tol sing bakal diliwati dening para pemudhik. Awit sing padha arep lelungan mudhik iku akeh banget, kudu ana persiapan kang maton. Saka pengalaman sing uwis-uwis, kudu waspada marang akumulasi kendharaan ing dalan tol, dalan provinsi, dalan Pantura, lan dalan-dalan kang dadi sempit merga kakehan kendharaan. Uga kudu waspada marang “pasar wutah” kang ana ing pinggir dalan, sing nyebabake arus lalu lintas dadi macet.

Atusan kendaraan sing bakal nyabrang menyang Sumatra ngisi parkiran Pelabuhan Merak, Banten, Kamis (28/4/2022) esuk. Ana macet ing sadawane 7 kilometer saka Pelabuhan Merak menyang sisih kulon Kutha Cilegon. ANTARA FOTO

Ing wektu iki, sawetara dalan tol antarane Cikampek lan Semarang lagi padha didandani. Kira-kira ing Riyaya iki, kabeh dalan-dalan wis rampung didandani. Bisa mbiyantu para pemudhik, mulih kanthi bungah lan kebak semangat.

Pemerintah uga wis nyiapake dalan alternatif, kanggo antisipasi yen ana macet total ing sawetara dalan tol. Dalan alternatif iki bisa dienggo kanggo nyuda kemacetan kendharaan. Saka pengalaman, dalan-dalan alternatif wis cetha efektif, nyuda kemacetan. 

Ana sawetara enggon sing dadi langganan macet yaiku ana ing: Merak-Bakauheni, tol Jakarta-Cikampek, Pejagan nganti tekan Prupuk. Jalur Puncak-Bogor, dalan-dalan ing Ungaran, Bawen, Salatiga, nganti tekan Kartasura. Uga dalan propinsi Magelang-Yogya. Mangkono kuwi sing dipratelakake dening Pak Budi Setiyadi Dirjen Perhubungan Darat.

Data survey saka Kamentrian Perhubungan mratelakake yen jumlah wong sing mudhik iku nganggo sarana kang werna-werna. Sing ngganggo kendharaan pribadi udakara 40 yuta wong, nganggo bis lan ferry 26,7 yuta, pesawat 8,9 yuta, sepur 8,2 yuta, kapal 1,4 yuta, lan turahe + 100 ewu nganggo sarana liyane.

Kanggo mbiyantu para pemudhik lan ngurangi pemudhik sing nganggo sepedha motor, Kementerian Perhubungan lumantar Dirjen. Perhubungan Darat nyedhiyakake mudhik gratis, kanthi nyiapake 350 bis. Para pemudhik luwih becik ora mulih mudhik ngganggo sepedha motor, apa maneh sing akeh penumpang lan barang-barange.

Sauntara kuwi, pemudhik kudu netepi syarat Mudhik Lebaran, miturut kategori panampa vaksin:

  • Sing wis nampa vaksin siji, loro lan booster bisa mudhik, ora kudu nuduhake asil tes Covid-19 negatif.
  • Sing wis divaksinasi rong dosis lengkap, kudu nuduhake asil negatif Covid-19 saka tes antigen, minangka syarat mudhik.
  • Sing nembe nampa vaksin dosis sing ping pisan, kudu nudhuhake asil negatif Covid-19 saka tes PCR, minangka syarat mudhik.

Para pemudhik kudu nyiapake uba rampene mudhik, kanthi teliti. Siapke kendharaan amrih ora ana alangan ing ndalan, lan bisa disetiri kanthi gampang, enak lan aman. Waspada rasa kesel. Miturut KNKT, 80% kacilakan amarga saka rasa kesel. Kesel lan emosi nalika ngadhepi macet total. Amarga butuh tenaga luwih kanggo ngliwati macet, sing mesthi marahi stress. Ngisi BBM sing kebak, kertu tol sing cukup, supaya ora kudu ngisi ing tengah ndalan, amarga iki bisa nambah macet. Aja lali nyiapake sakabehe. Kalebu nyiapke mental, kanggo ngadepi macet sing mesthi bakal kedadeyan. Aja lali tetep nganggo masker lan njaga protokol kesehatan, amarga Covid lan varian liyane isih durung ilang blas. 

Akeh banget sing arep mudik saka Stasiun Gambir

Pungkasaning atur, sugeng Mudhik Idul Fitri. Mugi-mugi panjenengan sedaya sami rawuh wonten ing ndalem, kanthi sehat mboten kirang setunggal punapa. Saged kepanggih kanthi kebak bungah lan remen ing manah, kepanggih para sanak sederek ingkang sampun dangu mboten pinanggih. Lan mugi mangke kondur malih, kanthi sehat lan wilujeng.

Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1443 Hijriah. Nyuwun gunging samodra pangaksami. Mugi-mugi tansah winengku ing rahayu lan widada ing sambekala. Nuwun …

(KPA: 1 Mei 2022).