PASA RAMADHAN

Dening : Ki Pandan Alas

Masjid Pajimatan Imogiri

Kita sadaya sak menika wonten ing sasi Ramadhan. Sasi ingkang suci kagem umat Islam. Sedulur-sedulur muslim wektu saiki iki lagi pasa. Muga-muga padha nindakake ibadah siyam kaya sing ditindakake dening Kanjeng Nabi Muhammad. Yen dilakoni kanthi ikhlas, lan mung amarga saka Allah, pasa bakal menehi efek positif lan migunani, ora mung kanggo awake dhewe lan kanggo umat Islam, nanging uga tumrap kanggo wong akeh.

Sedaya ustadz lan aulia tansah weling lan ngendika, yen pasa sajatine kudu katindakaken kanthi ikhlas, mboten namung megeng ngelak lan ngelih kemawon. Yèn mung mangkono, ora mangan lan ngombe iku bakal adoh saka hakekat pasa. Pasa iku sejatine ngempet dhiri. Sing katon lair yaiku ora mangan, ora ngombé lan jimak; ing wektu sawise wektu sahur nganti tekan wektu buka puasa.

Luwih saka iku, satemene pasa iku diregani saka segi kualitas lan kahanan. Sawise ngempet saka mangan, ngombe lan jimak; Ing tataran sabanjure, manungsa kudu bisa nahan panca indera lan ati. Njaga lan nyegah panca indra lan ati, saka perkara sing ala, oa nglakoni tumindak sing ngadohi manfaat lan dadi sebab dosa sing gedhe. Panca indera uga dadi lawange samubarang perkara kang ala lan culika. Supaya Pasa Ramadhan kasil lan oleh ridha saka Gusti Allah, kudu dijaga mripat, kuping lan ati saka samubarang kang ala.

Masjid Margoyuwono – Yogyakarta

Njaga mripat/paningal. Aja nganti nyawang sing ora apik, sing ora sopan, sing njalari emosi lan nuwuhake hawa nepsu. Saka mripat iku banjur tuwuh niyat. Yen ora dikendaleni bakal dadi samubarang tumindak ala, sing bakal kedaden sabanjuré.

Njaga lati. Sebab lati iku gampang banget kanggo ngomong lan ghibah. Celathu lan ngandhakake bab sing ala ngenani wong liya, ngucapake tembung lan ukara kasar, sing gawe emosi lan nglarani ati. Ing jaman klik iki, tembung lan ukara, diowahi dadi tulisan. Mbanjur disebarake liwat HP. Ghibah liwat ponsel asring ditindakake dening wong, tanpa dirasakake. Nganggo HP gampang nyebar warta ala, tanpa mikir pengaruhe kanggo wong liya.

Njaga talingan/kuping. Diusahakake supaya ora krungu kabar, utawa tembung lan ukara kang marahi nesu, emosi lan kelangan kontrol. Amarga krungu tembung sing ora bener, wong bisa nindakake tumindak ala, kang mengko bakal nggawe getun. Ing jaman saiki, krungu kuwi ora kudu langsung saka uwong sing ngomong, nanging uga bisa saka HP. Wong bisa ndeleng lan ngrungokake omongan liwat HP. Ora perlu ngrungokake swara lan warta sing ala lan nggawe emosi.

Njaga pikiran. Amarga pikiran iku bisa ngliwati ruang lan wektu. Pikiran becik bisa memotivasi lan nggawe uwong tumindak apik. Nanging pikiran uga bisa mengaruhi, lan anggawe wong tumindak ala. Yen pikiran, tulisan utawa pesen sing disebarake nganggo WA, lan marahi wong liya tumindak kesalahan; sing ngirim uga melu nanggung akibate.

Masjid Gedhe Kauman

Sing pungkasan, njaga ati. Amarga sing ing njeron ati, mung Gusti Allah lan penjenengan sing ngerti. Wong liya ora ngerti apa sing ana ing njero ati. Pasa kanggo sarana ngresiki lan ngumbah ati, saka lelara ati kayata : iri, drengki, riya’, umuk, gumedhe lan sapanunggalane. Lan sing paling penting, njaga atimu aja nganti ana kekuwatan liya, kajaba Gusti Allah!

Gusti Allah iku Maha Cemburu! Allah ora kersa, yen ono sing kuwasa sak liyane Allah! Yen ana tumindak kanggo tujuan sak liyane Allah, iku musyrik! Lan iku dosa sing ora bisa diampuni. Iku ketoke mung prasaja. Nanging isih akeh, sing percaya sak liyane Gusti Alah. Muga-muga kita bisa awas lan waspada, babagan perkara sing penting banget, nanging katon sepele iki.

Ing jaman modern iki, kita kabeh kudu kuwat, aja gampang kena  bujuk lan glembuk. Godaan donya akeh banget, ngubengi saka sak indenging arah. Yen ora mantep lan ngerti kanthi becik, bakal gampang banget kabujuk, mbanjur melu lan ngetutake perkara sing nggodha iman. Iki bisa nggawe rusak pasa sing lagi dilakoni.

Pungkasaning atur, mangga nglampahi pasa Ramadhan kanthi ikhlas lan tawadhu. Lan tansah nyenyuwun ridha lan berkah Gusti Allah. Nuwun … 

KPA : 21 April 2022